Proyek Baru (11)

Woro-woro… Woro-woro… Rek!

- Ekonomi

Tuesday, 22 April 2025 01:11 WIB

Jakarta, fiskusnews.com:

Undangan kanggo ngumpul maneh, ngguyu bareng, ngelingi kabeh kenangan sing wis keukir nang ati. Reuni Prodip Pajak ’88 nang Suroboyo, rek!

“Ngelumpuk nang Suroboyo, Rek!” Iki dudu sekadar slogan. Iki panggilan ati, jeritan kangen sing wis mblenduk pirang-pirang taun. Bayangno, rek… awak dewe biyen sing isih lugu, klambi putih abu-abu, rambut klimis disisir rapi. Bareng mlebu Prodip Pajak, urip langsung rame. Sinau bareng nganti melek bengi, nggarap tugas klompok sing kadhang yo ruwet, nganti rebutan contekan pas ujian… kabeh iku dadi bagian sejarah sing gak iso lali.

Dolan nang Tunjungan Plaza pas wayah tanggal tuo, mangan soto Cak Har nang pinggir dalan, ngopi nang warung kopi sing bukake nganti subuh… kabeh iku dadi saksi bisu persahabatan sing wis kejalin.

Saiki, pirang-pirang taun wis kepungkur. Awak dewe wis nduwe dalan urip dewe-dewe. Ono sing dadi bos sukses, ono sing dadi pengusaha hebat, ono sing tetep setia dadi abdi negara. Tapi, sak sukses-suksese awak dewe, ojo lali rek… nang mburi kono, ono kenangan manis sing ngenteni kanggo dieling-eling maneh.

Reuni iki dudu mung sekadar kumpul-kumpul biasa. Iki kesempatan kanggo ngobati kangen sing wis suwe dipendem. Iki wayahe ngguyu nganti weteng mules, ngelingi maneh guyonan-guyonan sing biyen sering diucapno. Iki wayahe nyawang maneh rai-rai lawas sing biyen saben dino ketemu nang kampus.

Mungkin ono sing wis berubah, rambut wis mulai putih, weteng yo wis rodok maju. Tapi, yakinlah rek… semangat kebersamaan sing biyen iku gak bakal luntur. Ati iki tetep nyambung, koyo tali sing gak iso pedot.

Dadi, ojo mikir dawa-dawa, rek! Daftarno awakmu saiki! Iki kesempatan emas sing gak bakal teko ping pindho. Bayar Rp 450.000,00 iku ora sepiro dibandingno karo regane kenangan sing bakal dieling-eling sak teruse. Transfer nang rekening sing wis ditulis, ojo nganti keri! Tanggal 1 Mei 2025 iku batas pungkasan.

“Ikan pindang, ikan gurame… Wis ndang… nunggu opo maneh?!” Ayo rek, budal nang Suroboyo! Gawe crito anyar ing nduwur crito lawas sing wis indah. Ketemu dulur-dulur lawas, ngrasakno maneh kehangatan persahabatan sing gak ono tandingane.

Tak enteni kedatanganmu nang Suroboyo, rek! Dijamin, reuni iki bakal dadi kenangan sing paling nggo ati lan gak bakal iso dilalekno!

Salam kangen kanggo kabeh Prodip Pajak ’88! Sampai ketemu nang Suroboyo!

Reporter: Marshanda Gita – Pertapsi Muda

Share

Berita Lainnya

Rekomendasi untuk Anda

15555188718693592081

Tag Terpopuler

# Jokowi
# Prabowo
# Presiden RI

Berita Terpopuler

Video

Berita Lainnya

Foto

Rekomendasi Untuk Anda