Wednesday, 23 April 2025 01:39 WIB
Jakarta, fiskusnews.com:
Halo Rek-rek kabeh!
Wis seket, wis wayahé… saiki waktune ngumpul bareng, guyub rukun, lan ngguyu bebarengan kaya jaman biyen.
Kita wis podo sepuh, rambut wis ana sing putih, anak wis gede-gede… ning atimu, semangat jaman kuliah kuwi isih urip to?
Iki kesempatan langka kanggo ngelingi crito lawas, maaf-maafan, lan ngrasakake hangatnya dulur sakangkatan.
Ayo rek, reuni Halal Bihalal Prodip Pajak ’88 iki dudu mung acara kumpul-kumpul, tapi ajang ngobong rasa seduluran sing suwe ora ketemu.
Wis dudu soal kerjaan, jabatan, utawa urip saben dina—iki soal ngelingi sopo awake dewe biyen, lan ngugemi tali silaturahmi sing ora ana enteke.
Wis tuwek, rek… Seket kuwi ora mung angka, tapi tanda yen wis wayahe ngelingi sopo wae sing tau dadi bagian uripmu.
Ayo ndang daftar, ndang konfirmasi, ndang transfer.
Ojo mung ning ati ae pengen ketemu, gawe langkah nyata.
Ngumpul bareng, mangan bareng, ngguyu bareng… nunggu opo maneh?
“Ikan pindang, ikan gurame… wis ndang… nunggu opo maneh!”
https://s.id/halalbihalal-reuni-2025
Reporter: Marshanda Gita – Pertapsi Muda
Share
Eksplor lebih dalam berita dan program khas fiskusnews.com